KHUTBAH IDUL FITRI
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ
لِلَّهِ نَحْمَدُهُ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا
وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي
بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
الله أكبر 3×
لله أكبر 3× لله أكبر 3×
اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْراً وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْراً
وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً،
لاَإلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ
وِللهِ الْحَمْدُ.
Jamaah ‘Aidiin wal ‘aidat rohimakumulloh
Puji lan syukur, sumangga kita
konjukaken wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang tansah paring nikmat kanugrahan
dhumateng kita. Injih arupi kawilujengan, kasarasan, karaharjan
langkung-langkung nikmat iman lan Islam
ing manah kita.
. لَئِن
شَكَرْتُمْ لأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنكَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِيلَشَدِيدٌ
Shalawat dan salam, mugi katetepna
dhumateng panutan kita Rosululloh Muhammad SAW, keluarga, shahabat, tabi’in,
tabi’it tabi’in, saha sedaya umat ingkang tansah miderek sunnah-sunnah ipun.
Allohu Akbar-Allahu Akbar. Walilahilhamd.
Saklajengipun, sumangga tansah
nggatosaken babagan ketaqwaan kita wonten ngarsanipun Allah. Kita angkah,
tambah yuswa kita, tambah-tambah anggen kita dhedepe wanten ngarsanipun Allah.
Nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nilar sedaya kemaksiatan larangan ipun.
يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا
اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Sumangga kita tansah muhasabah,
naliti kanti permati titi lampah kita
saben ndintenipun...sedaya samukawis bab ingkeng tebih saking ketaatan dhateng
Allah lan Rosululloh.... sageta enggal kita tilar. kita tebihi... kagantos
kanthi titi lampah ingkang midherek dhawuhipun Allah Robbul Izzati.
يَا أَيُّهَاالَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖوَاتَّقُوااللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ
خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Jamaah aidin wal aidat,
rohimakumulloh.
Ing injing menika,
sedaya umat Islam ing saindening bawono sami makempal ing masjid-masjid menapa dene wonten ing oro-oro , saperlu ngumandangaken
takbir, tahlil lan tahmid ngagungaken asmanipun Allah SWT, kalajengaken sholat Ied.
Sedaya sami ngaturaken
syukur, kacehno wulan ramadhan sampun jangkep wilanganipun. kados dhawuhipun
Allah wonten ing QS. Al Baqoroh 185:
(#qè=ÏJò6çGÏ9ur no£‰Ïèø9$# (#rçŽÉi9x6çGÏ9ur ©!$# 4†n?tã $tB öNä31y‰yd öNà6¯=yès9ur šcrãä3ô±n@ ÇÊÑÎÈ
. Lan supaya siro padha nyampurnakke wilangane (sasi ramadhan) lan supaya
siro ngagungake Allah amarga pituduh sing kaparingake marang siro. Lan Supaya
siro pada syukur.
Ing swasana mekaten, manah kita
tansaya nglenggana, bilih kita menika yektosipun hambanipun Allah, ingkang katitahaken ing alam dunya menika mboten namung
lelahanan, anamung supados tansah ngibahah wonten ngarsanipun Allah.
$tBur àMø)n=yz £`Ågø:$# }§RM}$#ur žwÎ) Èbr߉ç7÷èu‹Ï9 ÇÎÏÈ
Lan Ingsun (Allah) ora nyiptakake jin lan menungsa kejaba supaya padha
ngibadah marang ingsun Allah
Allohu Akbar 2x. Walillahilhamd
Jamaah idul fitri rohimakumulloh
Wulan suci Ramadhan ingkang
kita tilar, yektosipun minangka syahrul
ibadah, jalaran ing wulan menika kathah pangibadahan ingkeng saget kita
tindakaken.
Ing wulan ramadhan kita sami saget mujahadah, kanthi saestu nindakaken shiyam ing siangipun,
Saget nindakaken sholat
tarawih ing ndalunipun,
Saget nindakaken sholat
jamaah makmuraken masjidipun, nindakaken tadarus al qur’an, dzikir, iktikaf, infak, shodaqoh lan, mbayar zakat.
Kita ugi saget meper howo
nafsu, saget nebihi goroh, ghibah,fitnah, amarah,
nebihi sedaya penyakit hati,
drengki,srei, iri,
riyak, ujub, sum’ah, ugi saget njagi rafats
lan amarah....
Sedaya wau saget kita
tindakaken ing wulan ramadhan kanthi ikhlas, muhung ridhlanipun Allah SWT.
Kita tansah ngajeng-ajeng ganjaran
saking Allah kados ing wasiatipun Rosululloh...
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ اِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ ماَ
تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ.
“Sapa
wonge kang pasa ing wulan Ramadlan kanthi lambaran iman lan ngarep-arep ridlane
Allah Swt., mula bakal dingapura dosa-dosane sing wis kapungkur.” (HR. Ashhabus
Sunan).
Ma’asyirol muslimin,
rohimakumulloh,
Salajengipun ing dinten Idul
Fitri menika, sanes pengagem engkang enggal lan endah, ugi sanes dhedaharan
ingkang sarwa eco mawarna-warni, ingkeng kita pentingaken,
Anamung wonten bab ingkang sakalangkung
wigatos injih menika kados pundi kita saget njagi supados ibadah-ibadah
kita ing wulan ramadhan kala wau, saget istiqomah
katindakaken ing wulan-wulan salajengipun....
Ampun ngantos kita kalebet golongan tetiyang ingkang
dipun sindir Allah Ta'ala wonten ing Surat An-Nahl ayat 92:
Ÿwur (#qçRqä3s? ÓÉL©9$%x. ôMŸÒs)tR $ygs9÷“xî .`ÏB ω÷èt/ >o§qè% $ZW»x6Rr&
"Lan siro ojo koyo dene wong wadon kang ngudari benang
sing wus katenun kanthi kukuh, (andadekake
rusak maneh )"
Ayat menika setunggaling pemut saking Allah Ta'ala.
Ampun ngantos kito nglampahi perkawis ingkang muspro utawi, mboten migunani.Kepara kita bade nampi karugen
ingkang salangkung ageng.
Gegambaran kados dene
pakaryanipun tiang wadon, ingkang
ngudari benang ingkeng sampun katenun kanti sae lan kiat..sak sampunipun udhar
tumuli katenun malih,lajeng kaudhari malih mekaten saklajengipun
Menika tamsil kagem tetiyang muslim
ingkang sregep jamaah ing masjid sak laminipun wulan Romadhon, ananging sak
sampunipun romadhon, kados tiyang ingkang mboten kenal kaliyan masjid malih.
Tamsil kagem tetiyang ingkang saklaminipun
Romadhon tadarrus Al-Qur'an malah ngantos katam langkung saking sepisan,ananging
sak sampunipun Romadhon, Al Qur’an dipun tilar malah-malah mboten nate dipun
waos malih.
Tamsil kagem tetiang ingkang
saget nidakaken mapinten-pinten pangibadahan
ing wulan romadhaon, anamung saksampunipun luar saking wulan ramadhan, mboten
saget kalajengaken. Kados-kados mboten wonten bekas ipun.
Tiang ingkeng mekaten menika
tetiang ingkang rugi gesangipun. Naudhubilahi min dzalik. Mugi kita sedaya
katebihna saking perkawis mekaten.
Allohu Akbar 2x. Walillahilhamd
Ma’asirol muslimin
rohimakumulloh
Ing swasana Idul fitri
menika, rikalanipun manah kita taksih
fitri suci, sumangga kita renungaken kanthi wening: bilih
kita gesang ing alam ndonya menika yektosipun mboten badhe langgeng saklaminipun. Kita kedah waspada bilih wonten ing setunggaling
wekdal temtu badhe kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Allah. Kados kaweca
wanton surah Qaf nun injih surat ingkang
kathah dipun aturaken rasulullah Muhammad Saw ing saben-saben khutbah-ipun.
إِنَّا نَحْنُ نُحْيِي وَنُمِيتُ وَإِلَيْنَا الْمَصِيرُ
INNA NAHNU NUHYII
WANUMIIT WAILLAYNAL MASHIIR
Saktemene Ingsun (Allah) iku
kang gawe pati lan urip, samu barang iku wekasane padha bali marang Allah. (S. Qaf: 43)
#sŒÎ*sù uä!%y` óOßgè=y_r& Ÿw šcrãÏ‚ø«tFó¡tƒ Zptã$y™ ( Ÿwur tbqãBωø)tGó¡o„ ÇÏÊÈ
FAIDZAA JAA’A AJALUHUM LAA YASTA’KHIRUUNA SAA‘AH. –WALAA YASTAQDIMUUN
Mangka menawa wus temeka wektu ajale, dheweke ora bisa semaya senajan sesaat lan ora bisa njaluk ndisi. ( QS. An-Nahl: 61)
Kanthi menika,sumangga kita
tansah anggadhai gegayuhan supados kita saget kaparingan kemenangan, kabegjan, kaslametan mbenjang wonten ing kampung akherat.
Kados dhawuhipun Allah wonten ing surah Al Qoshosh-77:
Æ÷tGö/$#ur !$yJ‹Ïù š9t?#uä ª!$# u‘#¤$!$# notÅzFy$# ( Ÿwur š[Ys? y7t7ŠÅÁtR šÆÏB $u‹÷R‘‰9$# ( `Å¡ômr&ur !$yJŸ2 z`|¡ômr& ª!$# šø‹s9Î) ( Ÿwur Æ÷ö7s? yŠ$|¡xÿø9$# ’Îû ÇÚö‘F{$# ( ¨bÎ) ©!$# Ÿw =Ïtä† tûïωšøÿßJø9$# ÇÐÐÈ
Lan padha goleka kanthi apa kang wus kaparingake Allah marang sira (kabegjan) kampung akherat, lan aja sira
nglalekake kabegjanmu ing ndunya, lan padha
gaweo kabecikan (marang sepadha-padha) kaya dene Allah wus paring
kabecikan marang siro, lan aja sira nggawe kerusakkan ing lumahing bumi.
Saktemene Allah ora rena marang wong kang dhemen gawe kerusakkan.
Allah dhawuhi kita, supados
tansah pados kabegjan lan keslametaning kampung akherat kanthi ngginakkan menapa kemawon ingeng kaparingaken Allah
dhumateng kita Kadosta kesehating badan, yuswo panjang lan arta bandha. Sedaya
wau kagem nambah ketaaatan wonten ngarsanipun Allah lan Rosululloh.
Ampun ngantos,kaparingan sehat
malah kangge maksiat, pasa ora kuwasa, zakat ora kuwat, kagungan bandha kangge ngujo hawa..... Naudzubillahi
mindzalik.
Allohu akbar 2x. Walillahilhamd
Allah ndawuhi dhumateng kita supados
kita tansah pados margi kagem nyelak dhumateng Allah, kados dhawuhipun:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَابْتَغُوا إِلَيْهِ
الْوَسِيلَةَ وَجَاهِدُوا فِي سَبِيلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
He wong-wong kang padha iman, padha taqwa-o sira ana
ngarsane Allah. Lan padha goleka dalan kanggo nyaket marang Allah lan pada jihad-a fisabilillah. Supaya
sira dadi wong sing padha untung.
Allohu akbar, Allohu Akbar,
Walilahilhamd
Jamaah aidin wal aidat
rohimakumulloh,
Salajengipun Allah janji
dhumateng kita ingkang tansah iman lan nindakaken amal sholeh:
مَنْ
عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ
حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَاكَانُوا
يَعْمَلُونَ
Sing sapa wonge nindakake amal
sholih, lanang utawa wadon ana ing kahanan iman, mangka saktemene ingsun
paringi marang dhewek-e panguripang sing becik. Lan saktemene bakal ingsun (Allah) paringi piwales sing luwih
becik saka apa sing wis katindakake (An Nahl:97)
Allohu Akbar. Allohu Akbar
Jamaah aidin wal aidat
rohimakumulloh
Mugi kita tansah kaparingan
kekiyatan, hidayah maunah saget nglajengaken pangibadahan kita ing wulan
ramadhan kanthi istiqomah. Nambah ketaatan kita dhumateng Allah lan rosululloh
Saengga kita saget
kagolongaken tetiang ingkang kaparingan kawilujengan fidunnya illal akhirah.
Amin ya robbbal alaminn.
Jamaah Ied rohimakumullah
Pinangka panutuping khutbah, keparenga kulo engetaken,
bilih sedherek-sedherek kita- muslim ing Palestina, Syuriah, Irak, lan
Rohingnya Myanmar, titi wekdal menika nampi panandang ingkang sakelangkung awrat, jalaran tansah katindes, kajajah, kasiksa,
kakuyo-kuyo lan nampi tindak dur angkara saking para kaum kafir.
Piyambakipun mboten saget ngibadah kanthi aman, mboten
saget mahargyo idul fitri kanthi kebak
kabingahan kados kita. Ing Pramila kita doa aken mugi Allah enggal paring mergi
gampil, saget sami luar saking sedaya panandang lan kacingkrangan menika.
Jamaah Aidin wal ‘Aidat Rohimakaumulloh.
Salajengipun sumangga kita
konjemaken manah, ndedonga wonten
ngarsanipun Allah swt. Saestu Allah maha midhanget sedaya doa’ kita. Namung
Allah ingkeng paring pitulungan dhumateng kita.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ
عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْن
وَاَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
Ya Allah,
ampunilah kaum muslimin dan Muslimat, Mu’minin dan Mu’minat, baik yang telah
meninggal dunia maupun yang masih hidup, dengan rahmat-Mu Wahai Tuhan yang Maha
penyayang…
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا
وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا
اجْتِنَابَهُ.
Ya
Allah…Perlihatkanlah kepada kami bahwa yang benar itu adalah benar, dan berilah
kami kekuatan untuk mengikutinya. Dan tunjukilah kepada kami bahwa yang salah
itu adalah salah dan berilah kekeuatan kepadakami untuk menjauhinya…
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا
وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Ya Tuhan kami, kami telah menganiaya
diri kami sendiri, dan jika Engkau tidak mengampuni kami
dan memberi rahmat kepada kami, niscaya pastilah kami termasuk orang-orang yang
merugi…
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا
وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا
وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي
قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ
رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ
رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ،
وَسَلاَمٌ عَلَى
الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ