Khutbah bahasa Jawa ada "nuansa lain" dibanding dengan khutbah bahasa Indonesia..terlebih di lingkungan pedesaan.
KHUTBAH IDUL ADHA
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ
لِلَّهِ نَحْمَدُهُ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا
وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ :
اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ
اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ
الله أكبر 3×
لله أكبر 3× لله أكبر 3×
اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْراً وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْراً
وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً،
لاَإلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ
وِللهِ الْحَمْدُ.
Jamaah ‘Aidiin wal ‘aidat rohimakumulloh
Puji lan syukur, sumangga kita
konjukaken wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang tansah paring kanikmatan
dhumateng kita. Injih arupi kawilujengan, kasarasan, karaharjan
langkung-langkung nikmat iman lan islam ing manah kita.
. لَئِن شَكَرْتُمْ لأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنكَفَرْتُمْ
إِنَّ عَذَابِيلَشَدِيدٌ
Shalawat saha salam, mugi tansah kaparingaken dhumateng Rosululloh Muhammad
SAW, keluarga, shahabat, tabiin, tabi’it tabi’in, saha sedaya umat ingkang
tansah miderek sunnah-sunnah ipun.
Allohu Akbar-Allahu Akbar Walilahilhamd
Saklajengipun sumangga kita
tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kita wonten ngarsanipun Allah, taqwalloh, sumangga kita angkah, tambah yuswa kita,
tambah-tambah anggen kita dhedepe wanteng ngarsanipun Allah. Nindakaken
dhawuh-dhawuh ipun lan nilar sedaya kemaksiatan lan awisanipun.
يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا
اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Sumangga ing manah kita tansah nglenggana
bilih kita menika titahipun Allah, hambanipun Allah...kdhawuhan supados tansah
ngibadah wonten ngarsanipun Allah.
وَمَا
خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالإنْسَ إِلا لِيَعْبُدُونِ
Lan ingsun Allah ora nitahke Jin
lan Menungsa kejaba supaya pada ngibadah marang ingsun Allah.
Sumangga kita tansah muhasabah,
naliti kanti permati titi lampah kita
saben ndintenipun...sedaya samukawis bab ingkeng tebih saking ketaatan dhateng
Allah lan Rosululloh.... sageta enggal kita tilar.kita tebihi... kagantos
kanthi titi lampah ingkang midherek dhawuhipun Allah Robbul Izzati:
يَا
أَيُّهَاالَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ
لِغَدٍ ۖوَاتَّقُوااللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
He wong-wong kang iman, padha taqwa-o ana ngersane Allah. Lan Supaya padha nggatekna apa sing wis ditindhakake
kanggo dina sesuk (akherat). Padha taqwa-o siro ing ngarsane Allah, satemene Allah iku ngawuningani marang samubarang kang
padha sira tindakake.
Allohu Akbar 3x. Walillahilhamd
Jamaah Idhul Adha rohimakumulloh
Sedherek-sederek kita ingkeng wekdal
menika nembe ngestokaken timbalanipun Allah,..
Labbaik Allahumma Labbaik. Labbaika La syariika laka labbaik. Innal hamda wa
nikmata laka wal-mulka laa syarii kalak.”
Ing Tangggal 9 Dzulhijjah kala
wingi sami makempal ing padang Arofah. saperlu nindakaken wukuf... kawiwitan
bakda zawal /bakda dhuhur dumugi wekdal maghrib. Kalajengaken ing ndaluipun bermalam
ing Muzdhalifah ngantos injing wekdal fajar tanggal 10 Dzulhijjah tumuli tumuju
wonten Mina nindakaken lempar jumroh.
Allohu akbar 3x. Walillahilhamd
Wukuf ing padang Arofah menika pinangka
intinipun ibadah haji.....sedaya mawi pengagem kain ihram..kados dene kain
kaffanipun layon..ngemutaken dhateng kita, bilih kita sedaya badhe sedo,
kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Allah..lan badhe kakempalaken ing padang
mahsyar nampi pengadilanipun Allloh.
Allohu Akbar-Allohu Akbar
Walillahilham.
Wukuf ing Arofah..sedaya sami mboten
bekta menapa-menapa.... sami khusyuk tumungkul, dzikir, munajad, muhasabah,
takbir, tahmid, tasbih, istighfar....nglenggana sedaya dosa...sami sesenggukan,
muwun pasrah nyuwun pangaksama...ngajeng-ajeng kawelasan lan rohmat saking
Allah Ta’ala......Wonten swasana mekaten, sedaya pepaes kandonyan kados dene pangkat
jabatan, kasugihan, asal keturunan..lan sanes-sanesipun sami ical mboten wonten ajinipun...Saestu
ngemutaken dhumateng kita...bilih yektosipun kita pinangka manungsa ing
ngarsanipun Allah sedaya manungsa menika sami drajatipun....ingkeng mbentenaken
injih menika ketaqwaan nipun.
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ
اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
Saktemene
uwong kang paling mulia ing antarane sira ana ing ngarsaning Allah, yaiku wong
kang paling taqwa...
Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahiilham
Ma’asyirol Muslimin
rohimakumulloh
Dene kita sedaya, ing tanggal 9 Dzulhijjah kala wingi, sami nindakaken
amalan sunnah, shiyam Arofah, ingkeng saestu ageng sanget ganjaranipun kados
katerangan hadist:
‘AN ABI QOTADAH: QOLA ROOSULULLOHI SHALALLAHU ALAIHI WASALLAM:
SHOUMU YAUMI ‘AROFAH YUKAFFIRU SANATAINI
MAA DHIYATANN WA MUSTAQQBILAH
Hadist saka Abi
Qotadah, Rosululloh SAW ngendika: pasa ana ing dina Arofah iku bisa mbusek dosa
rong tahun, yaiku setahun kepungkur lan setahun kang bakal tumeka (HR Muslim).
Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah
injing menika kita sami kempal manunggal saperlu taqorrub ilallah, nyelak
wonten ngarsanipun Allah, kanthi ngathah2 aken takbir, tahlil, tahmid, tasbih
lan nindakaken sholat idul adha.
Dene tumrap ingkang mampu...samangke
kalajengaken nindakaken ibadah qurban injih mragat menda utawi lembu lan nasharruf-aken dagingipun dhateng para fakir-miskin lan sedherek ingkang kapendeng mbetahaken.Qurban! Katindakaken ing dinten menika utawi ing dinten tasyrik tanggal 11,12,13 Dzulhijjah.....
Allohu Akbar. Allohu Akbar. Allohu
Akbar.
Jamaah aidin wal aidat
rohimakumulloh
Qurban ingkang kita tindakaken menika,
nuladha dhateng Nabiyulloh Ibrahim Alaihisalam..nalika kauji keimananipun dening Allah SWT. Rikala semanten, Ibrahim kadhawuhan dening Allah supados ngurbanaken
utawi mbeleh putra kinasihipun ingkang asma Ismail ingkang nembe kewala mlebet
usia remaja.
Saget kita raosaken kados pundi
awratipun ujian menika. Anamung jalaran kandheling keimanan lan ketaatan, Ibrahim
Alaihisalam saestu nindakaken ujian menika kanthi ikhlas lan tawakal, pitados
bilih Allah mboten badhe njomprongaken kawulanipun ingkang taat.
Perkawis
puniko dipun gambaraken wonten ing al quran :
قَالَ يَابُنَيَّ إِنِّى أَرَى فِى اْلمَنَامِ أَنِّى أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَاأَبَتِ افْعَلْ مَاتُؤْمَرُ سَتَجِدُنِى إِنْ شَاءَ اللهُ مِنَ الصَّابِرِيْنَ
.Hai
anakku saktemene Aku weruh ono ing impen yen Aku (kadhawuhan) nyembelih sliramu. Mula kepiye mungguh penemumu?" Ismail njawab: "duh bapa, katindakna menapa ingkang dados dawuhipun Allah dumateng panjenengan; Insya Allah panjenengan bade manggihi kula ing golonganipun tiyang2 ingkang sabar
Allohu Akbar-Allohu Akbar Walilahilhamd
Nalika Ismail sampun pasrah badhe kasembeleh. Ibrahim enggal
nindakaken dhawuhipun Allah. Gegaman ingkang sampun kaasah landep.. Tumuli kabelehaken ing jangganipun Ismail..Subhanalloh!!!
.Saknalika, Malaikat Jibril rawuh lan ngantos Ismail kanthi menda-kibas Tumuli
malaikat Jibril ngendika bilih Ibrahim lan Ismail sampun lulus ujianipun, lan
Ismail mboten perlu kasembeleh, cekap menda ingkang kaasta malaikat Jibril sewau
ingeng kasembeleh, minangka gantosipun.
Allahu Akbar.Allohu Akbar.Laillaha illallohu Allohu Akbar.
Allohu akbar walillahilhamd.
Jamaah ‘aidiin wal aidat rohimakumullah
Wonten ing zaman Rosululloh Muhammad
SAW dhawuh ngelksanakaken qurban kaemot wonten ing al quran..
فَصَلِّ لِرَبِّكَ
وَانْحَرْ إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ
Sak
temene wis ingsun paringke marang sirokabeh nikmat sing akeh, mulo podo
tindakno sholat krana robb-mu lan tindakna qurban
Qurban
ingkang kita tindakaken minangka tanda syukur wonten ngarsanipun Allah.
Minangka bukti ketaaatan wonten ngarsanipun Allah. Minangka taqorrub
illalloh...nyaket dhumateng Allah. Kados katerangan ing surah Al Hajj ayat 37
ingkang artosipun: Allah
ora nampa daging lan getihe qurban. Ananging Allah nampa ketaqwaan nira
Ibadah qurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah
muakaddah. Anamung para sederek ingkang mampu ampun ngantos owel nindakaken, ampun
ngantos eman-eman bandhanipun kangge ngleksanakaken qurban menika.
Jalaran
Rosulullah SAW nate wasiat:
Singsapa wonge nduweni kemampuan, ananging dheweke ora gelem
nindakke qurban, mangka aja cedhak-cedhak papan sholatku..(HR.Ahmad)
Allahu Akbar-Allahu Akbar-Allohu Akbar
Jamaah rohimakumulloh
Yektosipun kathah sanget hikmah ing salebeting Syareat
Qurban menika. Keparengo kita aturaken kalih bab hikmah ipun, sageta kita
tindakaken.
Sepisan: Sumangga kita ugi tansah nyembelih
sifat-sifat hewan ingkang mbok bilih tumanduk wonten ing manah kita.
Hewan menika gesangipun mboten mawi tuntunan,
Mboten wonten dhawuh lan larangan.
Sifat hewan ingkeng
mekaten menika kedah sembelih, kita icali
saking manah kita. Bilih kita gesang menika mboten saget sak kajengipun
piyambak kados hewan...ananging kedah mawi tuntunan inggih al quran lan assunnah.
Bilih kita gesang menika kedah ngestokaken dhawuh lan nilar larangan ipun Allah.
Allah suka pemut bilih Salah setunggaling ciri tetiyang
ingkang mbenjang badhe dados penghuni neraka jahanam, injih menika tiang ingkang manahi, mripati lan talinganipun kados dene
gadhahanipun hewan...mboten pun ginakaken kangge nampi ayat-ayatipun gusti
Allah.
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا
لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالإنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لا يَفْقَهُونَ
بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لا يَسْمَعُونَ
بِهَا أُولَئِكَ كَالأنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ
Lan saktemene bakal ingsun
dadekake isining neraka jahanam, akeh-akkehe saka jin lan manungsa. Dheweke
nduweni ati,ananging ora kanggo ngrasakake, dheweke nduweni mripat ananging ora
kanggo ndeleng, dhewekke nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake.
Dhewekke iku mau kaya kewan ternak, kepara luwih asor saka maneh. Dhewekke
klebu wong-wong sing pada katalumpen
Hikmah kaping kalih:
Hewan menika menawi sampun
kacekap kabetahan biologisipun, pakan, komboran, ... sampun rumaos remen lan
cekap gesangipun.
Anamung menawi manungsa,
mboten namung cekap betahipun kadunyan kemawon... ugi kedah pados cekapipun kampung akherat,.keslametan ing kampung
akherat...kados dhawuhipun allah:
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الآخِرَةَ
وَلا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ
إِلَيْكَ وَلا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الأرْضِ إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ
الْمُفْسِدِينَ
Lan padha golekana apa-apa
kang den angugrahke Allah marang sira (kabegjan ing kampung akherat) lan aja
nglalekake bageanmu saka kabegjanmu ing ndonya.....
Ing pramila sumangga kita ampun
ngantos gesang kita kados dene hewan namung mbujung kabetahan ndonya,
(Hubuddunya) nglirwakaken kabetahan kampung akherat..ngibadah wegah, sholat ora
kuwat, pasa ora kuwasa, sehat kangge maksiat, duwe bandha kangge nguja hawa,
qurban eman-eman...Naudzubilah hi min dzalik.
Kosok wangsulipun supados
kita tansah ghirah ngibadah pados mergi kagem nyelak dhumateng Allah, kados
dhawuhipun:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَابْتَغُوا إِلَيْهِ
الْوَسِيلَةَ وَجَاهِدُوا فِي سَبِيلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
He wong-wong kang padha iman,
padha taqwa-o sira ana ngarsane Allah. Lan padha goleka dalan kanggo nyaket marang
Allah lan pada jihad-a kanthi bandamu lan jiwa ragamu. Supaya sira dadi wong
sing padhaa untung.
Mugi kita tansah kaparingan
kekiyatan, hidayah maunah saget ngathah-ngathah aken pengibadahan nilar sedaya
kemaksiatan ing saengga kita saget kagolongaken tetiang ingkang kaparingan
kawilujengan fidunn ya illal akhirah. Amin ya robbbal
alaminn.
Jamaah Ied rohimakumullah
Salajengipun
sumangga kita konjemaken manah, ndedonga wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah
midhanget donga kita..Allah ingkang ngabulaken pandonga kita..
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْن
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْن
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعْوَاتِ.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا
وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا
اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا
وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا
وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا
وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
اَللَّهُمَّ
اجْعَلْهُمْ حَجًّا مَبْرُوْرًا وَسَعْيًا مَّشْكُوْرًا وَذَنْبًا مَغْفُوْرًا
وَتِجَارَةً لَنْ تَبُوْرًا
Allahhumman shur muslimin wal mujaahidin fii ghaza 3x
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ
سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ
آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ
رَبَّنَا
اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ
عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ
(Naskah khutbah bahassa jawa saat khutbah Idul Adha 1435 H di Lapangan Mulyodadi, Bambanglipuro Bantul)
Rekaman khutbah-nya di sini: http://dw4.convertfiles.com/files/0251453001412644621/rec001.mp3
sae pak teks khutbah nya ijin kagem referensi jeh
BalasHapussae pak teks khutbah nya ijin kagem referensi jeh
BalasHapusNderek nambahi jariyah....kula waos kangge tambah seserepan. Matur nuwun sanget...
BalasHapusnderek nyalin kagem bahan khutbah ugi,. maturnuwun
BalasHapustumut syiar aken tads
BalasHapusHadis ini:
BalasHapusصَوْمُ يَوْمِ عَرَفَةَ يُكَفِّرُ سَنَتَيْنِ مَاضِيَةً وَمُسْتَقْبَلَةً
yang benar riwayat Ahmad bin Hanbal, bukan Imam Muslim. Setelah saya cek, di Imam Muslim tidak ada.
Terimakasih. Mohon dikoreksi lagi.
trimakasih koreksinya
Hapussekaligus sebagai ralat
ya mbak Laili......
ndherek nyalin damel bahan kutbah pak,
BalasHapusmatursuwun
Syukron jaziilaan
BalasHapusassalamualaikum......
BalasHapusnderek ijin nyalin kutbahipun kagem referensi
matur nuwun
nderek nyalin kagem bahan khutbah ugi,. maturnuwun
BalasHapusassalamualaikum, ijin copas dan edit dikit ya pak buat penilaian pidato saya :)
BalasHapusNderek nyalin nggih pak ustadz 😁
BalasHapusada yang lain lagi ga pak ? biar banyak
BalasHapusNderek nyalin nggih pak ustadz. matur suwun
BalasHapusPunten npo saget nyuwun PDF.
BalasHapus