KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA

Khutbah idul adha 1435 H.. bahasa jawa Heni Johan.
Khutbah bahasa Jawa ada "nuansa lain" dibanding dengan khutbah bahasa Indonesia..terlebih di lingkungan pedesaan.


KHUTBAH IDUL ADHA
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
الله أكبر 3× لله أكبر 3× لله أكبر 3×
اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْراً وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْراً وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً،
لاَإلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ.


Jamaah  ‘Aidiin wal ‘aidat rohimakumulloh

Puji lan syukur, sumangga kita konjukaken wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang tansah paring kanikmatan dhumateng kita. Injih arupi kawilujengan, kasarasan, karaharjan langkung-langkung nikmat  iman lan  islam ing manah kita.
                         . لَئِن شَكَرْتُمْ لأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنكَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِيلَشَدِيدٌ
Shalawat saha salam, mugi tansah kaparingaken dhumateng Rosululloh Muhammad SAW, keluarga, shahabat, tabiin, tabi’it tabi’in, saha sedaya umat ingkang tansah miderek sunnah-sunnah ipun.

Allohu Akbar-Allahu Akbar Walilahilhamd

Saklajengipun sumangga kita tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kita wonten ngarsanipun Allah, taqwalloh,  sumangga kita angkah, tambah yuswa kita, tambah-tambah anggen kita dhedepe wanteng ngarsanipun Allah. Nindakaken dhawuh-dhawuh ipun lan nilar sedaya kemaksiatan lan awisanipun.

يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Sumangga ing manah kita tansah nglenggana bilih kita menika titahipun Allah, hambanipun Allah...kdhawuhan supados tansah ngibadah wonten ngarsanipun Allah.
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالإنْسَ إِلا لِيَعْبُدُونِ
Lan ingsun Allah ora nitahke Jin lan Menungsa kejaba supaya pada ngibadah marang ingsun Allah.
Sumangga kita tansah muhasabah, naliti kanti permati  titi lampah kita saben ndintenipun...sedaya samukawis bab ingkeng tebih saking ketaatan dhateng Allah lan Rosululloh.... sageta enggal kita tilar.kita tebihi... kagantos kanthi titi lampah ingkang midherek dhawuhipun Allah Robbul Izzati:
يَا أَيُّهَاالَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖوَاتَّقُوااللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
He wong-wong kang iman, padha taqwa-o ana ngersane Allah. Lan Supaya  padha nggatekna apa sing wis ditindhakake kanggo dina sesuk (akherat). Padha taqwa-o siro ing ngarsane Allah, satemene Allah iku ngawuningani marang samubarang kang padha sira tindakake.

Allohu Akbar 3x. Walillahilhamd
Jamaah Idhul Adha rohimakumulloh

Sedherek-sederek kita  ingkeng wekdal menika nembe ngestokaken timbalanipun Allah,.. Labbaik Allahumma Labbaik. Labbaika La syariika laka labbaik. Innal hamda wa nikmata laka wal-mulka laa syarii kalak.”
Ing Tangggal 9 Dzulhijjah kala wingi sami makempal ing padang Arofah. saperlu nindakaken wukuf... kawiwitan bakda zawal /bakda dhuhur dumugi wekdal maghrib. Kalajengaken ing ndaluipun bermalam ing Muzdhalifah ngantos injing wekdal fajar tanggal 10 Dzulhijjah tumuli tumuju wonten Mina nindakaken lempar jumroh.

Allohu akbar 3x. Walillahilhamd

Wukuf ing padang Arofah menika pinangka intinipun ibadah haji.....sedaya mawi pengagem kain ihram..kados dene kain kaffanipun layon..ngemutaken dhateng kita, bilih kita sedaya badhe sedo, kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Allah..lan badhe kakempalaken ing padang mahsyar nampi pengadilanipun Allloh.

Allohu Akbar-Allohu Akbar Walillahilham.

Wukuf ing Arofah..sedaya sami mboten bekta menapa-menapa.... sami khusyuk tumungkul, dzikir, munajad, muhasabah, takbir, tahmid, tasbih, istighfar....nglenggana sedaya dosa...sami sesenggukan, muwun pasrah nyuwun pangaksama...ngajeng-ajeng kawelasan lan rohmat saking Allah Ta’ala......Wonten swasana mekaten, sedaya pepaes kandonyan kados dene pangkat jabatan, kasugihan, asal keturunan..lan sanes-sanesipun  sami ical mboten wonten ajinipun...Saestu ngemutaken dhumateng kita...bilih yektosipun kita pinangka manungsa ing ngarsanipun Allah sedaya manungsa menika sami drajatipun....ingkeng mbentenaken injih menika ketaqwaan nipun.
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
Saktemene uwong kang paling mulia ing antarane sira ana ing ngarsaning Allah, yaiku wong kang paling taqwa...

Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahiilham
Ma’asyirol Muslimin rohimakumulloh

Dene kita sedaya, ing tanggal 9 Dzulhijjah kala wingi, sami nindakaken amalan sunnah, shiyam Arofah, ingkeng saestu ageng sanget ganjaranipun kados katerangan hadist:

‘AN  ABI QOTADAH:  QOLA ROOSULULLOHI SHALALLAHU ALAIHI WASALLAM:  SHOUMU YAUMI ‘AROFAH YUKAFFIRU SANATAINI MAA DHIYATANN  WA MUSTAQQBILAH
 Hadist saka Abi Qotadah, Rosululloh SAW ngendika: pasa ana ing dina Arofah iku bisa mbusek dosa rong tahun, yaiku setahun kepungkur lan setahun kang bakal tumeka (HR Muslim).

Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah injing menika kita sami kempal manunggal saperlu taqorrub ilallah, nyelak wonten ngarsanipun Allah, kanthi ngathah2 aken takbir, tahlil, tahmid, tasbih lan nindakaken sholat idul adha.

Dene tumrap ingkang mampu...samangke kalajengaken nindakaken ibadah qurban injih mragat menda utawi lembu lan nasharruf-aken dagingipun dhateng para  fakir-miskin lan sedherek ingkang kapendeng mbetahaken.Qurban! Katindakaken ing dinten menika utawi ing dinten tasyrik  tanggal 11,12,13 Dzulhijjah.....

Allohu Akbar. Allohu Akbar. Allohu Akbar.
Jamaah aidin wal aidat rohimakumulloh

Qurban ingkang kita tindakaken menika, nuladha dhateng Nabiyulloh Ibrahim Alaihisalam..nalika  kauji keimananipun dening Allah SWT.  Rikala semanten, Ibrahim  kadhawuhan dening Allah supados ngurbanaken utawi mbeleh putra kinasihipun ingkang asma Ismail ingkang nembe kewala mlebet usia remaja.
Saget kita raosaken kados pundi awratipun ujian menika. Anamung jalaran kandheling keimanan lan ketaatan, Ibrahim Alaihisalam saestu nindakaken ujian menika kanthi ikhlas lan tawakal, pitados bilih Allah mboten badhe njomprongaken kawulanipun ingkang taat.

Perkawis puniko dipun gambaraken wonten ing al quran :

قَالَ يَابُنَيَّ إِنِّى أَرَى فِى اْلمَنَامِ أَنِّى أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَاأَبَتِ افْعَلْ مَاتُؤْمَرُ سَتَجِدُنِى إِنْ شَاءَ اللهُ مِنَ الصَّابِرِيْنَ


.Hai anakku saktemene  Aku weruh ono ing impen yen Aku (kadhawuhan) nyembelih sliramu. Mula kepiye mungguh penemumu?" Ismail  njawab: "duh bapa, katindakna menapa ingkang dados dawuhipun Allah dumateng panjenengan; Insya Allah panjenengan bade manggihi kula ing golonganipun tiyang2 ingkang sabar

Allohu Akbar-Allohu Akbar Walilahilhamd

Nalika Ismail sampun pasrah badhe kasembeleh. Ibrahim enggal nindakaken dhawuhipun Allah. Gegaman ingkang sampun kaasah landep.. Tumuli  kabelehaken ing jangganipun Ismail..Subhanalloh!!! .Saknalika, Malaikat Jibril rawuh lan ngantos Ismail kanthi menda-kibas Tumuli malaikat Jibril ngendika bilih Ibrahim lan Ismail sampun lulus ujianipun, lan Ismail mboten perlu kasembeleh, cekap menda ingkang kaasta malaikat Jibril sewau ingeng kasembeleh, minangka gantosipun.

Allahu Akbar.Allohu Akbar.Laillaha illallohu Allohu Akbar. Allohu akbar walillahilhamd.
Jamaah ‘aidiin wal aidat rohimakumullah

Wonten ing zaman Rosululloh Muhammad SAW dhawuh ngelksanakaken qurban kaemot wonten ing al quran..
  فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ

Sak temene wis ingsun paringke marang sirokabeh nikmat sing akeh, mulo podo tindakno sholat krana robb-mu lan tindakna qurban


Qurban ingkang kita tindakaken minangka tanda syukur wonten ngarsanipun Allah. Minangka bukti ketaaatan wonten ngarsanipun Allah. Minangka taqorrub illalloh...nyaket dhumateng Allah. Kados katerangan ing surah Al Hajj ayat 37 ingkang artosipun: Allah ora nampa daging lan getihe qurban. Ananging Allah nampa ketaqwaan nira

Ibadah qurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah muakaddah. Anamung para sederek ingkang mampu ampun ngantos owel nindakaken, ampun ngantos eman-eman bandhanipun kangge ngleksanakaken qurban menika.
Jalaran  Rosulullah  SAW  nate wasiat: 
Singsapa wonge nduweni kemampuan, ananging dheweke ora gelem nindakke qurban, mangka aja cedhak-cedhak papan sholatku..(HR.Ahmad)

Allahu Akbar-Allahu Akbar-Allohu Akbar
Jamaah rohimakumulloh

Yektosipun kathah sanget hikmah ing salebeting Syareat Qurban menika. Keparengo kita aturaken kalih bab hikmah ipun, sageta kita tindakaken.

Sepisan: Sumangga kita ugi tansah nyembelih sifat-sifat hewan ingkang mbok bilih tumanduk wonten ing manah kita.
Hewan menika gesangipun mboten mawi tuntunan,
Mboten wonten dhawuh lan larangan.

Sifat  hewan ingkeng mekaten menika kedah sembelih, kita icali  saking manah kita. Bilih kita gesang menika mboten saget sak kajengipun piyambak kados hewan...ananging kedah mawi tuntunan inggih al quran lan assunnah. Bilih kita gesang menika kedah ngestokaken dhawuh lan nilar  larangan ipun Allah.

Allah suka pemut bilih Salah setunggaling ciri tetiyang ingkang mbenjang badhe dados penghuni neraka jahanam, injih  menika tiang ingkang  manahi, mripati lan talinganipun kados dene gadhahanipun hewan...mboten pun ginakaken kangge nampi ayat-ayatipun gusti Allah.
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالإنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لا يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالأنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ           
Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam, akeh-akkehe saka jin lan manungsa. Dheweke nduweni ati,ananging ora kanggo ngrasakake, dheweke nduweni mripat ananging ora kanggo ndeleng, dhewekke nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake. Dhewekke iku mau kaya kewan ternak, kepara luwih asor saka maneh. Dhewekke klebu wong-wong sing pada katalumpen

Hikmah kaping kalih:
Hewan menika menawi sampun kacekap kabetahan biologisipun, pakan, komboran, ... sampun rumaos remen lan cekap gesangipun.

Anamung menawi manungsa, mboten namung cekap betahipun kadunyan kemawon... ugi  kedah pados  cekapipun kampung akherat,.keslametan ing kampung akherat...kados dhawuhipun allah:
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الآخِرَةَ وَلا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الأرْضِ إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
Lan padha golekana apa-apa kang den angugrahke Allah marang sira (kabegjan ing kampung akherat) lan aja nglalekake bageanmu saka kabegjanmu ing ndonya.....

Ing pramila sumangga kita ampun ngantos gesang kita kados dene hewan namung mbujung kabetahan ndonya, (Hubuddunya) nglirwakaken kabetahan kampung akherat..ngibadah wegah, sholat ora kuwat, pasa ora kuwasa, sehat kangge maksiat, duwe bandha kangge nguja hawa, qurban eman-eman...Naudzubilah hi min dzalik.

Kosok wangsulipun supados kita tansah ghirah ngibadah pados mergi kagem nyelak dhumateng Allah, kados dhawuhipun:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَابْتَغُوا إِلَيْهِ الْوَسِيلَةَ وَجَاهِدُوا فِي سَبِيلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
He wong-wong kang padha iman, padha taqwa-o sira ana ngarsane Allah. Lan padha goleka dalan kanggo nyaket marang Allah lan pada jihad-a kanthi bandamu lan jiwa ragamu. Supaya sira dadi wong sing padhaa untung.

Mugi kita tansah kaparingan kekiyatan, hidayah maunah saget ngathah-ngathah aken pengibadahan nilar sedaya kemaksiatan ing saengga kita saget kagolongaken tetiang ingkang kaparingan kawilujengan fidunn ya illal akhirah. Amin ya robbbal alaminn.

Jamaah Ied rohimakumullah
Salajengipun sumangga kita konjemaken manah, ndedonga wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah midhanget donga kita..Allah ingkang ngabulaken pandonga kita..
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْن
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
اَللَّهُمَّ اجْعَلْهُمْ حَجًّا مَبْرُوْرًا وَسَعْيًا مَّشْكُوْرًا وَذَنْبًا مَغْفُوْرًا وَتِجَارَةً لَنْ تَبُوْرًا

Allahhumman shur muslimin wal mujaahidin fii ghaza  3x

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
  
(Naskah khutbah bahassa jawa saat khutbah Idul Adha 1435 H di Lapangan Mulyodadi, Bambanglipuro Bantul)

Rekaman khutbah-nya di sini: http://dw4.convertfiles.com/files/0251453001412644621/rec001.mp3

16 komentar:

  1. sae pak teks khutbah nya ijin kagem referensi jeh

    BalasHapus
  2. sae pak teks khutbah nya ijin kagem referensi jeh

    BalasHapus
  3. Nderek nambahi jariyah....kula waos kangge tambah seserepan. Matur nuwun sanget...

    BalasHapus
  4. nderek nyalin kagem bahan khutbah ugi,. maturnuwun

    BalasHapus
  5. Hadis ini:
    صَوْمُ يَوْمِ عَرَفَةَ يُكَفِّرُ سَنَتَيْنِ مَاضِيَةً وَمُسْتَقْبَلَةً
    yang benar riwayat Ahmad bin Hanbal, bukan Imam Muslim. Setelah saya cek, di Imam Muslim tidak ada.
    Terimakasih. Mohon dikoreksi lagi.

    BalasHapus
    Balasan
    1. trimakasih koreksinya
      sekaligus sebagai ralat
      ya mbak Laili......

      Hapus
  6. ndherek nyalin damel bahan kutbah pak,
    matursuwun

    BalasHapus
  7. assalamualaikum......
    nderek ijin nyalin kutbahipun kagem referensi
    matur nuwun

    BalasHapus
  8. nderek nyalin kagem bahan khutbah ugi,. maturnuwun

    BalasHapus
  9. assalamualaikum, ijin copas dan edit dikit ya pak buat penilaian pidato saya :)

    BalasHapus
  10. Nderek nyalin nggih pak ustadz 😁

    BalasHapus
  11. ada yang lain lagi ga pak ? biar banyak

    BalasHapus
  12. Nderek nyalin nggih pak ustadz. matur suwun

    BalasHapus
  13. Punten npo saget nyuwun PDF.

    BalasHapus

Mohon tinggalkan komentar saran perbaikan...terimakasih