Jumat, 17 Juli 2015

khutbah idul fitri 143h bahasa jawa



KHUTBAH IDUL FITRI
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
الله أكبر 3× لله أكبر 3× لله أكبر 3×
اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْراً وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْراً وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً،
لاَإلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ.


Jamaah  ‘Aidiin wal ‘aidat rohimakumulloh

Puji lan syukur, sumangga kita konjukaken wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang tansah paring nikmat kanugrahan dhumateng kita. Injih arupi kawilujengan, kasarasan, karaharjan langkung-langkung nikmat iman lan  Islam ing manah kita.

                         . لَئِن شَكَرْتُمْ لأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنكَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِيلَشَدِيدٌ
                        
Shalawat dan salam, mugi katetepna dhumateng panutan kita Rosululloh  Muhammad SAW, keluarga, shahabat, tabi’in, tabi’it tabi’in, saha sedaya umat ingkang tansah miderek sunnah-sunnah ipun.

Allohu Akbar-Allahu Akbar. Walilahilhamd.

Saklajengipun, sumangga tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kita wonten ngarsanipun Allah. Kita angkah, tambah yuswa kita, tambah-tambah anggen kita dhedepe wanten ngarsanipun Allah. Nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nilar sedaya kemaksiatan larangan ipun.

يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Sumangga kita tansah muhasabah, naliti kanti permati  titi lampah kita saben ndintenipun...sedaya samukawis bab ingkeng tebih saking ketaatan dhateng Allah lan Rosululloh.... sageta enggal kita tilar. kita tebihi... kagantos kanthi titi lampah ingkang midherek dhawuhipun Allah Robbul Izzati.

يَا أَيُّهَاالَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖوَاتَّقُوااللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Jamaah aidin wal aidat, rohimakumulloh.

Ing injing menika, sedaya  umat Islam ing saindening bawono  sami makempal ing masjid-masjid  menapa dene wonten ing oro-oro , saperlu ngumandangaken takbir, tahlil lan tahmid ngagungaken asmanipun Allah SWT,  kalajengaken sholat Ied. 
Sedaya sami ngaturaken syukur, kacehno wulan ramadhan sampun jangkep wilanganipun. kados dhawuhipun Allah wonten ing QS. Al Baqoroh 185:

(#qè=ÏJò6çGÏ9ur no£Ïèø9$# (#rçŽÉi9x6çGÏ9ur ©!$# 4n?tã $tB öNä31yyd öNà6¯=yès9ur šcrãä3ô±n@ ÇÊÑÎÈ  
. Lan supaya siro padha nyampurnakke wilangane (sasi ramadhan) lan supaya siro ngagungake Allah amarga pituduh sing kaparingake marang siro. Lan Supaya siro pada syukur.


Ing swasana mekaten, manah kita tansaya nglenggana, bilih kita menika yektosipun hambanipun Allah,  ingkang katitahaken  ing alam dunya menika mboten namung lelahanan, anamung supados tansah ngibahah wonten ngarsanipun Allah.
$tBur àMø)n=yz £`Ågø:$# }§RM}$#ur žwÎ) Èbrßç7÷èuÏ9 ÇÎÏÈ  
Lan Ingsun (Allah) ora nyiptakake jin lan menungsa kejaba supaya padha ngibadah marang ingsun Allah


Allohu Akbar 2x. Walillahilhamd
Jamaah idul fitri rohimakumulloh

Wulan suci Ramadhan ingkang kita tilar, yektosipun minangka syahrul ibadah, jalaran ing wulan menika kathah pangibadahan ingkeng saget kita tindakaken.

Ing wulan ramadhan kita  sami saget mujahadah, kanthi saestu nindakaken  shiyam ing siangipun,
Saget nindakaken sholat tarawih ing ndalunipun,
Saget nindakaken sholat jamaah makmuraken masjidipun, nindakaken tadarus al qur’an, dzikir,  iktikaf, infak, shodaqoh lan, mbayar zakat.
Kita ugi saget meper howo nafsu, saget nebihi goroh, ghibah,fitnah, amarah,
nebihi sedaya penyakit hati, drengki,srei, iri,
 riyak, ujub, sum’ah, ugi saget njagi rafats lan amarah....
Sedaya wau saget kita tindakaken ing wulan ramadhan kanthi ikhlas, muhung ridhlanipun Allah SWT.  
Kita tansah ngajeng-ajeng ganjaran saking Allah kados ing wasiatipun Rosululloh...

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ اِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ ماَ تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ.
“Sapa wonge kang pasa ing wulan Ramadlan kanthi lambaran iman lan ngarep-arep ridlane Allah Swt., mula bakal dingapura dosa-dosane sing wis kapungkur.” (HR. Ashhabus Sunan).

Ma’asyirol muslimin, rohimakumulloh,

Salajengipun ing dinten Idul Fitri menika, sanes pengagem engkang enggal lan endah, ugi sanes dhedaharan ingkang sarwa eco mawarna-warni, ingkeng kita pentingaken,

Anamung wonten bab ingkang sakalangkung wigatos  injih menika kados pundi kita saget njagi supados ibadah-ibadah kita ing wulan ramadhan kala wau, saget istiqomah katindakaken ing wulan-wulan salajengipun....

Ampun ngantos kita kalebet golongan tetiyang ingkang dipun sindir Allah Ta'ala wonten ing Surat An-Nahl ayat 92:

Ÿwur (#qçRqä3s? ÓÉL©9$%x. ôMŸÒs)tR $ygs9÷xî .`ÏB Ï÷èt/ >o§qè% $ZW»x6Rr&
"Lan siro  ojo koyo dene wong wadon kang ngudari benang sing wus katenun kanthi  kukuh, (andadekake rusak maneh )"

Ayat  menika setunggaling pemut saking Allah Ta'ala. Ampun ngantos kito nglampahi perkawis ingkang muspro utawi,  mboten migunani.Kepara kita bade nampi karugen ingkang salangkung ageng.
Gegambaran kados dene pakaryanipun tiang wadon,  ingkang ngudari benang ingkeng sampun katenun kanti sae lan kiat..sak sampunipun udhar tumuli katenun malih,lajeng kaudhari malih mekaten saklajengipun

Menika tamsil kagem tetiyang muslim ingkang sregep jamaah ing masjid sak laminipun wulan Romadhon, ananging sak sampunipun romadhon, kados tiyang ingkang mboten kenal kaliyan masjid malih.

Tamsil kagem tetiyang ingkang saklaminipun Romadhon tadarrus Al-Qur'an malah ngantos katam langkung saking sepisan,ananging sak sampunipun Romadhon, Al Qur’an dipun tilar malah-malah mboten nate dipun waos malih.

Tamsil kagem tetiang ingkang saget nidakaken  mapinten-pinten pangibadahan ing wulan romadhaon, anamung saksampunipun luar saking wulan ramadhan, mboten saget kalajengaken. Kados-kados mboten wonten bekas ipun.

Tiang ingkeng mekaten menika tetiang ingkang rugi gesangipun. Naudhubilahi min dzalik. Mugi kita sedaya katebihna saking perkawis mekaten.

Allohu Akbar 2x. Walillahilhamd
Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Ing swasana Idul fitri menika,  rikalanipun manah kita taksih fitri suci, sumangga kita renungaken kanthi wening:  bilih kita gesang ing alam ndonya menika yektosipun mboten badhe langgeng saklaminipun.  Kita kedah waspada bilih wonten ing setunggaling wekdal temtu badhe kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Allah. Kados kaweca wanton surah Qaf  nun injih surat ingkang kathah dipun aturaken rasulullah Muhammad Saw ing saben-saben  khutbah-ipun.

إِنَّا نَحْنُ نُحْيِي وَنُمِيتُ وَإِلَيْنَا الْمَصِيرُ

INNA NAHNU  NUHYII WANUMIIT WAILLAYNAL MASHIIR
Saktemene Ingsun (Allah) iku kang gawe pati lan urip, samu barang iku wekasane padha bali marang Allah. (S. Qaf: 43)

#sŒÎ*sù uä!%y` óOßgè=y_r& Ÿw šcrãÏø«tFó¡tƒ Zptã$y ( Ÿwur tbqãBÏø)tGó¡o ÇÏÊÈ  
FAIDZAA JAA’A  AJALUHUM LAA YASTA’KHIRUUNA SAA‘AH. –WALAA YASTAQDIMUUN

Mangka menawa wus temeka wektu ajale, dheweke ora bisa semaya  senajan sesaat lan ora bisa njaluk ndisi. ( QS. An-Nahl: 61)


Kanthi menika,sumangga kita tansah anggadhai gegayuhan supados kita saget kaparingan kemenangan, kabegjan, kaslametan mbenjang wonten ing kampung akherat. Kados dhawuhipun Allah wonten ing surah Al Qoshosh-77:
Æ÷tGö/$#ur !$yJÏù š9t?#uä ª!$# u#¤$!$# notÅzFy$# ( Ÿwur š[Ys? y7t7ŠÅÁtR šÆÏB $u÷R9$# ( `Å¡ômr&ur !$yJŸ2 z`|¡ômr& ª!$# šøs9Î) ( Ÿwur Æ÷ö7s? yŠ$|¡xÿø9$# Îû ÇÚöF{$# ( ¨bÎ) ©!$# Ÿw =Ïtä tûïÏÅ¡øÿßJø9$# ÇÐÐÈ  
Lan padha goleka kanthi apa kang wus kaparingake Allah marang sira  (kabegjan) kampung akherat, lan aja sira nglalekake kabegjanmu ing ndunya, lan padha  gaweo kabecikan (marang sepadha-padha) kaya dene Allah wus paring kabecikan marang siro, lan aja sira nggawe kerusakkan ing lumahing bumi. Saktemene Allah ora rena marang wong kang dhemen gawe kerusakkan.

Allah dhawuhi kita, supados tansah pados kabegjan lan keslametaning kampung akherat kanthi ngginakkan menapa kemawon ingeng kaparingaken Allah dhumateng kita Kadosta kesehating badan, yuswo panjang lan arta bandha. Sedaya wau kagem nambah ketaaatan wonten ngarsanipun Allah lan Rosululloh.

Ampun ngantos,kaparingan sehat malah kangge maksiat, pasa ora kuwasa, zakat ora kuwat, kagungan  bandha  kangge ngujo hawa..... Naudzubillahi mindzalik.

Allohu akbar 2x. Walillahilhamd

Allah ndawuhi dhumateng kita supados kita tansah pados margi kagem nyelak dhumateng Allah, kados dhawuhipun:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَابْتَغُوا إِلَيْهِ الْوَسِيلَةَ وَجَاهِدُوا فِي سَبِيلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
He wong-wong kang padha iman, padha taqwa-o sira ana ngarsane Allah. Lan padha goleka dalan kanggo nyaket  marang Allah lan pada jihad-a fisabilillah. Supaya sira dadi wong sing padha untung.

Allohu akbar, Allohu Akbar, Walilahilhamd
Jamaah aidin wal aidat rohimakumulloh,

Salajengipun Allah janji dhumateng kita ingkang tansah iman lan nindakaken amal sholeh:
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَاكَانُوا يَعْمَلُونَ
Sing sapa wonge nindakake amal sholih, lanang utawa wadon ana ing kahanan iman, mangka saktemene ingsun paringi marang dhewek-e panguripang sing becik. Lan saktemene bakal  ingsun (Allah) paringi piwales sing luwih becik saka apa sing wis katindakake (An Nahl:97)
Allohu Akbar. Allohu Akbar
Jamaah aidin wal aidat rohimakumulloh

Mugi kita tansah kaparingan kekiyatan, hidayah maunah saget nglajengaken pangibadahan kita ing wulan ramadhan kanthi istiqomah. Nambah ketaatan kita dhumateng Allah lan rosululloh
Saengga kita saget kagolongaken tetiang ingkang kaparingan kawilujengan fidunnya illal akhirah.
Amin ya robbbal alaminn.

Jamaah Ied rohimakumullah
Pinangka panutuping khutbah, keparenga kulo engetaken, bilih sedherek-sedherek kita- muslim ing Palestina, Syuriah, Irak, lan Rohingnya Myanmar, titi wekdal menika nampi  panandang ingkang sakelangkung awrat,   jalaran tansah katindes, kajajah, kasiksa, kakuyo-kuyo lan nampi tindak dur angkara saking para kaum kafir.
Piyambakipun mboten saget ngibadah kanthi aman, mboten saget mahargyo  idul fitri kanthi kebak kabingahan kados kita. Ing Pramila kita doa aken mugi Allah enggal paring mergi gampil, saget sami luar saking sedaya panandang lan kacingkrangan menika.

Jamaah Aidin wal ‘Aidat Rohimakaumulloh.

Salajengipun sumangga kita konjemaken manah,  ndedonga wonten ngarsanipun Allah swt. Saestu Allah maha midhanget sedaya doa’ kita. Namung Allah ingkeng paring pitulungan dhumateng kita.


إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْن
وَاَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
Ya Allah, ampunilah kaum muslimin dan Muslimat, Mu’minin dan Mu’minat, baik yang telah meninggal dunia maupun yang masih hidup, dengan rahmat-Mu Wahai Tuhan yang Maha penyayang…
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
 Ya Allah…Perlihatkanlah kepada kami bahwa yang benar itu adalah benar, dan berilah kami kekuatan untuk mengikutinya. Dan tunjukilah kepada kami bahwa yang salah itu adalah salah dan berilah kekeuatan kepadakami untuk menjauhinya…
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Ya Tuhan kami, kami telah menganiaya diri kami sendiri, dan jika Engkau tidak mengampuni kami dan memberi rahmat kepada kami, niscaya pastilah kami termasuk orang-orang yang merugi…

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ،
وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ